Contoh Teks Pranatacara Terbaru Manten Adat Jawa

contoh-teks-pranatacara-bahasa-Jawa-terbaru-panggih-manten
contoh teks pranatacara terbaru manten adat Jawa



Contoh teks pranatacara terbaru masih dibutuhkan banyak orang, karena bagi masyarakat jawa,  praktek  berpidato dan membawakan acara dengan  bahasa jawa masih sering digunakan. Penggunaan bahasa jawa tidak hanya dalam komunikasi sehari-hari, namun juga digunakan dalam banyak acara. 

Apalagi masyarakat yang tinggal di daerah yang dekat dengan keraton atau dulu wilayahnya pernah berdiri kerajaan semisal di Jawa Tengah ada Keraton Surakarta (Solo) dan di DIY ada keraton Jogjakarta. 

Dari pengaruh dua kerajaan ini banyak kebudayaan-kebudayaannya yang masih di ikuti bahkan ada upaya untuk mempertahankan dan mengembangkannya. 


Beberapa kebudayaan tradisional yang di ada di masyarakat Jawa seperti adat pernikahan  yang masih sangat kental dengan menggunakan upacara pernikahan ala dari Kedua Keraton tersebut di atas. sehingga Contoh Teks Pranatacara Terbaru acara manten atau pernikahan adat jawa diperlukan untuk menjadi referensi atau dasar-dasar menjadi pranatacara bahasa Jawa. 

Nah, sebuah acara pernikahan tentunya agar berjalan dengan baik dan lancar memerlukan pemandu acara. Karena acara pernikahannya menggunakan adat Jawa maka diperlukan juga pemandu acara atau MC yang bisa menggunakan Bahasa Jawa pula. 

Maka di blog ini saya berikan  Contoh Teks Pranatacara Terbaru Manten bahasa jawa  agar bisa digunakan sebagai panduan atau untuk latihan menjadi MC Bahasa Jawa / pranatacara khususnya di acara pernikahan.

Penggunaan Contoh Teks Pranatacara Terbaru ini bukan harga mati atau mutlak, melainkan bisa dikembangkan, ditambah maupun dikurangi sesuai keadaan pada acara yang akan berlangsung.

Upacara adat pernikahan antara Keraton Surakarta (Solo) dengan Keraton Jogjakarta baik secara pakaian dan tatacara ada perbedaan, namun jika sudah memahami salah satu di antaranya akan dengan mudah untuk mempelajari yang lain.

Persiapan menjadi pranatacara bahasa jawa acara panggih manten adat jawa

Pada kesempatan kali ini saya akan memberikan contoh teks pada acara pernikahan dari Solo (Keraton Surakarta) yang saya lengkapi dengan contoh nama pamangku gati (yang punya hajat), nama pengantin putri, pengantin laki-laki, besan dan nama asal daerah pengantin putra/besan.

Selain itu, jika pengantin memiliki gelar pendidikan, sebaiknya juga disebutkan karena titel merupakan salah satu bentuk pencapaian seseorang yang juga merupakan suatu kebanggaan bagi mereka.
  •  Raharjo                                 = Pamangku gati
  • Siwi Wilujeng S.Pd               = pengantin putri
  • Nanang Kuncara S.Hum       = Pengantin putra
  • Rahmad                                 = Besan

  • Pedalangan, Tembalang        = Nama desa/asal Pengantin putra/besan

Berikut ini Contoh Teks Pranatacara Bahasa Jawa Acara Pernikahan Adat Jawa

Teks pranatacara membuka acara pernikahan adat Jawa

Assalamuallaikum Wr Wb (Bagi yang muslim)

Lumintuning Puja Astawa dhumateng Gusti ingkang Hamurbeng Rat, satemah hambabar daya pangaribawa ingkang tumanduk dhumateng kawula dasih, cihna ing kaludangan menika panjenengan sedaya lan kula taksih saget nyawiji, manunggal wonten ing papan menika kanthi rahayu wilujeng nir ing sakoro-koro. Awit saking menika sumangga panjenengan sedaya lan kula ngunjuaken suka syukur dhumateng Gusti Allah  ingkang Maha Wicaksana sinartan nyenyuwun mugi-mugi salwiring gati wiwit purwa, madya, dumugi wasana samangke saget lulus raharja, gancar rancak tinebehna saking sedaya pambeng nir ing sambekala.

Nuwun dhumateng para rawuh ingkang satuhu kinormatan
para sepuh pinisepuh ingkang sampun pana ing pamawas sarta lebda ing pitutur
para purna karya labet praja sarta sarjana sujananing budi
boten katalumpen dhumateng para kadang wreda muda taruna ingkang winantu ing kabagyan.

Keparengna kula  sowan wonten ing ngarsa panjenengan sedaya ing ngriki minangka hangemban dawuh saking pamangku gati nun inggih Bapa...(yang punya hajat. Misal:Bapa Raharjo).....piniji mratitisaken pahargyan prasaja dhaupanipun Nimas Ayu...(Nama pengantin putri. Misal:Siwi wilujeng S.Pd)...ingkang ari menika jinatu krama dening Dhimas Bagus .....(nama pengantin putra. Nanang kuncoro S.Hum) atmaja putranipun Bapa...(nama besan. Misal: Bapa Rahmad) ingkang mijil saking laladan (nama desa besan. Misal: Pedalangan Tembalang Semarang).

Para Rawuh kakung putri ingkang winengku ing pakurmatan
hamurwakani lekasing sedya wigatosing gati, keparengna langkung rumiyen kula aturaken urut rantamaning adicara ingkang sampun rinumpaka dening keluarga ingkang hamangun suka. ewondene adicara ingkang badhe lumadi nun inggih, angka kaping:
  1. pambuka
  2. mijilipun temanten putri
  3. praptaning temanten kakung
  4. pasrah-tampi
  5. panggih
  6. krobongan
  7. mapak besan
  8. sungkeman
  9. photo temanten
  10. pambagya harja
  11. panutup/purna
Mekaten para rawuh menggah urut rantamaning adicara wonten ing wedhal menika, ingkang saklajengipun, keparenga panjenengan sedaya kesdu hangestreni tumapaking gati kanthi suka renaning penggalih dumugi paripurnaning adicara samangke.
Nuwun

Catatan menjadi pranatacara bahasa Jawa:

Dalam Bahasa Jawa akhiran kata "a"  seringnya dibaca "o" ( oleh-oleh)
Contoh  : menika=meniko, sedaya=sedoyo, adicara=adicoro

Dalam setiap sesi acara agar tidak sepi dan bisa menghidupkan suasana perlu diputarkan gending-gending pahargyan temanten. Untuk membuka acara gendingnya adalah Pramugari Pl.Br atau Ktw. Mijil Wigaraningtyas Pl. 6 /. Contohnya gendhing pramugari yaitu sebagai berikut:


Info Penting: Jika membawa HP,  Anda bisa berlatih menjadi pranatacara/MC pernikahan adat Jawa dengan memainkan/memutar video diatas sambil membaca teks yang ada di halaman ini.

Contoh teks pranatacara bahasa jawa manten mengarahkan acara  

Dalam setiap acara terbagi beberapa sesi seperti yang sudah terdaftar dalam susunan acara tersebut di atas. Sebagai pranatacara tentunya dalam setiap sesinya harus mengarahkannya agar bisa urut dan berjalan sesuai yang sudah direncanakan.

Teks pranatacara pambuka


Para rawuh kakung putri ingkang satuhu bagya mulya,sumangga adicara wonten ing kalodhangan menika dipun buka sesarengan, mliginipun dhumateng ingkang ngrasuk agami Islam kasuwun sesarengan maos Al Fatikhah kaping sepisan, dhumateng ingkang ngrasuk agami sanes saget njumbuhaken miturut gegebengan saha kapitadosan sowang-sowang.
Sumangga (membaca al-fatikhah)........mekaten para lenggah adicara sampun binuka, mugi-mugi kanthi pandunga panjenengan sedaya kalawau adicara samangke saget lulus raharja gancar rancak tan ana rubeda Aamiiin

Teks pranatacara mijilipun temanten putri

Ngancik adicara ingkang kaping kalih nun inggih mijilipun Temanten Putri saking tepas wangi tumuju kursi rinengga, sakmenika sampun wonten sasmita lan tengara bileh sampun purna anggenipun temanten putri mulas wedana,ngedi sarira. Awit saking menika dhumateng para-para ingkang hanganthi murih rahayuning sedya hamung sumangga.
Untuk sesi ini gending pahargyan yang diputar yaitu Ktw.Sekarteja Sl.My / Ktw Puspawarna Sl.My. Lihat contohnya di postingan saya selanjutnya

Agar semakin hidup mijilipun temanten putri ini bisa diberikan candra yang contoh teksnya bisa di lihat pada artikel di bawah ini
Baca:Contoh Teks Panyandra Temanten Jawa Terbaru

Teks pranatacara praptaning temanten kakung

Para rawuh ingkang satuhu pantes sinuba sekaring pakurmatan, temanten putri sampun lenggah kanthi raras wonten ing kursi rinengga, pramila saking menika inggal lumadhi adicara candhakipun nun inggih adicara kaping tiga PRAPTANING TEMANTEN KAKUNG saking sasana palereman tumuju wonten ing sasana pahargyan. Nuwun

untuk sesi ini gendingnya Ladrang Wilujeng dan biar tambah hidup suasananya bisa diberikan candra yang contohnya bisa dilihat di bawah ini:

Teks pranatacara acara pasrah-tampi

Para rawuh kakung putri sinedhahan ingkang minulya. Ngancik adicara saklajengipun nun inggih pasrah-tampi. Parandene ingkang badhe hamakili minangka duta saking Bapa..(Nama besan. Misal Bapa Rahmad) nun inggih Bapa ..(nama wakil pasrah. Bapa Bagyo) parandene minangka sulih sarira saking pamangku gati nun inggih Bapa..(nama wakil tuan rumah/yang punya hajat. Misal Bapa Sugeng).pramila saking menika dhumateng priyangung kekalih murih rahayuning sedya hamung sumangga. nuwun. 

Pada pasrah tampi ini tidak diputarkan gendhing-gendhing. Bagi yang sedang belajar pranatacara mungkin juga membutuhkan

Baca: contoh teks pasrah tampi yang baik 


Contoh Teks  Pranatacara Bahasa Jawa Upacara Panggih Temanten

Teks pranatacara panggih

Wus paripurna pasrah panampinipun putra temanten kakung kanthi wilujeng nirbaya nir wikara. Para Rawuh saha para lenggah ingkang satuhu bagya mulya. Kanthi menika dumugi wahyaning mangsakala laksitaning adicara panggih anut adat widi widana ingkang sampun sinengker. Parandene adicara panggih menika badhe kapratitisaken dening Ibu juru sumbaganing penganten/juru rias hanenggih...(nama juru rias), awit saking menika dhumateng Ibu..(nama juru rias) murih rahayuning sedya hamung sumangga.

Panggihipun risang temanten sekalian lamun cinandra kadya CANTHOKA INGKANG MUNYA ING TIRTA, REBAT ASRI KALIAN SEKARING BALIMBING (diputarkan gendhing kodok ngorek minggah laras maya) 

 
Dalam acara panggih ini biasanya agar tercipta suasana yang sakral pranatacara memberikan panyandra panggih pengantin. 

Teks pranatacara krobongan

Krobongan merupakan kelanjutan dari acara panggih. Acara krobongan ini dimulai sesudah acara sinduran, yaitu diaraknya pengantin menuju ke pelaminan. jadi untuk pambiwara (pranatacara) masih menggunakan irama panyandra seperti yang saya contohkan sebelumnya. 

Berikut ini contoh teks acara krobongan dari sinduran sampai sungkeman dan seterusnya

Tinon wus paripurna upacara panggih, satuhu trep pindha curiga panggih kaliyan warangka. bebasan getih rong tetes, daging rong tempel, balung rong ceklek, samangke sampun wus manunggal dadya sajuga. Sang jejaka miwah sang kenya, mangkya wus manunggal inng karep, nunggal sedya, nunggal tekad, nunggal ati, nunggal raga, nungal jiwa mangun brayat anyar wonten madayaning bebrayan agung. 

Para rawuh saha para lenggah, ngancik adicara candakipun nun inggih upacara adat krobongan, anut satataning adat widhiwidana ingkang taksih lumampah wonten ing laladan ngriki. Upacara krobongan punika antawisipun :
  • bobot Timbang
  • tandur
  • kacar-kucur
  • dahar kembul

Bila acara krobongan sudah selesai, pranatacara selanjutnya akan mengarahkan ke acara sungkeman. yang sebelumnya didahului dengan acara KEDATANGAN besan. Berikut contoh teksnya.

Teks pranatacara badhe mapag besan


Para rawuh kakung sumawana putri, madyaning suka ing kalenggahan menika boten kekilapan kadang besan sutresna nun inggih (nama besan. misal Bapa Rahmad) lekasing sedya ugi ndherek mangayubagya keparengipun Bapa/Ibu...(nama pamangku gati.misal Bapa Raharjo) sekalian ingkang hamiwaha putra mahargya siwi, manjing wonten sasana pawiwahan, ginarubyug sagunging para kadang santana.

Rawuhipun panjenenganipun Bapa...(nama besan misal Bapa Rahmad) kairing ungeling gendhing Tirta kencana, laras pelog pathet 6.

Teks pranatacara badhe upacara sungkeman  

Sanggya para lenggah, para rawuh ingkang winantu ing kabagyan. Paripurna laksitaning adicara adat krobongan ingkang sampun kasembadan kanthi lulus raharja nirwikara ing samudayanipun, ingkang saklajengipun badhe lumadi adicara sungkeman. ananging sakdherengipun adicara menika kawiwitan, langkung rumiyen besan ingkang taksing mapan wonten ing sasan palereman badhe kapapag tumuli kairing wonten ing sajejering kursi pelaminan wosing gati hanampi sungkemipun ingkang putra. Pramila saking menika dhumateng Bapa..(nama besan) sekalian garwa keparenga jengkar saking kursi rinengga.
Jengkaring Bapa..(nama besan)sekalian kabiwadha ungeling gending kapang-kapang.
Link yang anda butuhkan:

Simak cara agar banyak rezeki:



Demikian tadi contoh teks pranatacara terbaru saat mengarahkan acara panggih,krobongan dan sungkeman. Selain itu masih ada acara pambagya harja yang saya posting berikutnya. Jika ada pertanyaan seputar artikel saya ini silahkan tulis di kolom komentar.

Nah! sementara ini dulu untuk postingan  contoh-contoh teks MC Bahasa Jawa / pranatacara di pernikahan. Masih banyak artikel-artikel menarik yang akan saya berikan pada postingan yang selanjutnya.

Jika anda rasa ini bermanfaat boleh dishare.
Salam budaya.

33 comments:

  1. Kula ngaturaken ageng panuwun awit artikel tata gelar pranoto coro ing inggil mugi tansah ndadosaken tambahing seserepan kangge upoyo nugri uri budhaya jawa. Miderek dhateng ngendikanipun poro winansis "wong jowo kudu ngerti boso lan unggah ungguh jawi.

    ReplyDelete
    Replies
    1. luar biasa ....basa jawa begitu tinggi sastra dan karya2nya.

      nuwun mugi barokha nir ing sambikolo

      Delete
  2. maturnuwun sanget. mbok menawi kepareng kawulo nyuwun dipun share teks mc pernikahan adat jawi tengah / solo ing email kawulo : denmasyatno@gmail.com
    maturnuwun

    ReplyDelete
    Replies
    1. saya baru belajar membawakan acara pawiwahan sederhana, mohon bagi teks ke email kulo : darmaji_darya@yahoo.com

      Delete
    2. Sumonggo dipun pirsani mawon wonten daftar isi blog kula menika Bapa, kathah sanget tuladha-tuladha ingkang sumadya wonten ngriko.

      https://contohtekspranatacaraterbaru.blogspot.com/p/daftar-isi.html

      sumonggo dipun KLIK mawon. nuwun

      Delete
  3. Matur suwun sanget kulo meniko nembeh sinau dados mc / pranata cara jawa kulo mbetahaken buku pranoto jawi hambok bilih wonten ingkang mangertos wonten pundi kulo saged tumbas buku meniko suwun

    ReplyDelete
    Replies
    1. Kathah sanget buku Babagan Pranatacara. salah setunggalipun saget mudhut buku ingkang dipun serat dening Sarwanto MS. S. Kar., M.Kum. Judul Bukunipun Wacana Kawedhar. Mangga dipun pados wonten toko-toko buku ingkang sak caket panjenengan kula kinten sumadya

      Delete
  4. matur suwun dumateng bp mas ingkang sampun paring pangerten
    mugi saget ngirim dateng kulo kalian imail. wisnuwijaya226@gmail.com

    ReplyDelete
  5. matur suwun dumateng bp mas ingkang sampun paring pangerten
    mugi saget ngirim dateng kulo kalian imail. wisnuwijaya226@gmail.com

    ReplyDelete
  6. Menawi Ajeng sinau pawiyatan manggene Ten pundi nggih.nuwun

    ReplyDelete
    Replies
    1. Saget mirsani wonten postingan kula bapa, Sekolah Pranatacara. nuwun

      Delete
  7. Tolong dong teks tersebut di beri terjemahan bahasa Indonesia, supaya kita paham kata Jawa yang dimaksud untuk mengatur tekanan intonasinya. Matur sembah nuwun

    ReplyDelete
    Replies
    1. baik mas, silahkan simak terus postingan saya berikutnya. Matur nuwun

      Delete
    2. sampun sumadya raka mas, mangga dipun pirsani wonten mriko.
      https://contohtekspranatacaraterbaru.blogspot.com/2019/09/contoh-teks-pranatacara-jawa-versi.html

      Delete
  8. Berhubung saya ini masih tahap belajar jd mc,bagaimana cara mengatasi rasa grogi ketika tampil di depan publik. Terima kasih,,,,

    ReplyDelete
    Replies
    1. Grogi atau demam panggung memang salah satu tantangan yang sering menyerang bagi mereka yang akan tampil di hadapan orang banyak, termasuk master of ceremony (MC). Untuk mengatasinya diantaranya yakni dengan cara:
      1. Sering berlatih mandiri membawakan suatu acara
      2. Mencari tahu segala sesuatu yg berhubungan dengan acara yg akan dibawakan
      3. Datang lebih awal di acara agar bisa menguasai keadaan(Fatal MC datang terlambat)
      4. Berpakaian rapi dan sesuaikan dengan acara
      5. Usahakan tampil wangi,nafas dan badan tidak bau
      6. Sering-sering mengikuti acara yg dipandu oleh profesional untuk menambah wawasan

      selain hal diatas, hendaknya seorang MC memiliki wawasan yang luas, dan jangan membawa masalah ke dalam acara ( sebanyak dan seberat apapun masalah pribadi seorang MC, haram hukumnya memasang muka cemberut ketika tampil membawakan acara di depan publik. MC harus bisa ramah dan murah senyum)

      selamat mencoba.

      Delete
  9. Matur nuwun, terima kasih atas arahannya, semoga bisa mengamalkannya,

    ReplyDelete
  10. Siip menawi kepareng saget share panyandra temanten jangkep cucuk lampahipun krobongan ngantos kacar kucur suwun

    ReplyDelete
  11. Nggeh matur nuwun raka mas, dipun tengga postingan candakipun

    ReplyDelete
  12. Joss markotoop kangge ngansu kawruh kangge nguri nguri kabudayan khusussipun pranataning temanten jawa

    ReplyDelete
  13. Bok menawi yuwun kawigatosanipun bilih sak ngandapipun teks dipun sukani gendhing pengiringipun secara runtut

    ReplyDelete
  14. Ijin copas dengan tetap menyertakan sumber boleh ya ...
    Kami orang Jawa kulon itu sangat kesusahan membedakan Krama dan Krama Inggil. Ngoko dan Ngoko Alus. Bahkan contoh prananta cara ini juga tidak tahu termasuk Krama Inggil apa Krama biasa ckck

    Ini alamat email kami
    kurma0r9@gmail.com

    ReplyDelete
  15. Nyuwon contoh teks pranotocoro pengantin sangking awal dumugi akhir paripuron adicoro

    ReplyDelete
  16. Boleh tolong buatkan teks pembuka acara pernikahan menggunakan basa ngoko alus, tolong yaa

    ReplyDelete
  17. Ngaturaken agunging panuwun ,Estu migunani kagem Kula ingkang kirang seserepan

    ReplyDelete
  18. matur nuwun artikelipun kang mas, migunani sanget kagem kula ingkang nembe sinau babagan pranotocoro, salajengipun nyuwun ijin copas kang mas....nuwun

    ReplyDelete
  19. This comment has been removed by the author.

    ReplyDelete
  20. MATUR NUWUN INGKANG KATHAH NAMBAH WAWASAN

    ReplyDelete