![]() |
Atur pambagyaharja pasrah lamaran singkat |
Baca juga: contoh teks pembawa acara lamaran
Bila budaya setempat masih menggunakan Bahasa Jawa, maka sebaiknya sambutan lamaran atau Pambagyoharjo Lamaran juga menggunakan bahasa Jawa. Sebagai panduan, saya berikan artikelnya. Artikel bisa saja digunakan semua, namun adakalanya juga menyesuaikan keadaan.
Struktur dalam membuat pambagyaharja
Struktur atau format pambagyaharja biasanya tergantung pada acara atau pertemuan yang diadakan. Namun, secara umum, sambutan pambagyaharja lamaran biasanya mencakup beberapa poin penting sebagai berikut:
Ucapan salam dan sambutan kepada semua tamu yang hadir.
Penjelasan tentang tujuan dan tema acara atau pertemuan tersebut.
Pengenalan diri dan latar belakang tuan rumah, serta motivasi mengadakan acara tersebut.
Penjelasan tentang agenda acara atau pertemuan, termasuk kegiatan-kegiatan yang akan dilakukan.
Ucapan terima kasih kepada semua pihak yang telah membantu dalam pelaksanaan acara atau pertemuan tersebut.
Penegasan tentang harapan tuan rumah kepada para tamu dalam mengikuti acara atau pertemuan tersebut.
Penutup dengan ucapan terima kasih dan harapan agar acara atau pertemuan tersebut berjalan lancar dan sukses.
Namun, hal-hal di atas dapat disesuaikan dengan kebutuhan dan situasi acara atau pertemuan yang diadakan.
Berikut ini contoh teks atur pambagyaharja pasrah lamaran singkat
Contoh teks atur pambagyaharja pasrah lamaran singkat ini perlu diberi nama untuk pemerannya agar semakin mudah untuk digunakan, selanjutnya tinggal mengganti namanya sesuai kebutuhan. Adapun nama-nama yang digunakan dalam Pambagyoharjo lamaran diantaranya adalah, nama pamangku Gati (tuan rumah/yang punya hajat),anak perempuannya (yang dilamar), bapak calon mantu (calon besan laki-laki), calon mantu (yang melamar). Berikut daftar namanya:
- Tuan rumah bernama Darmawan
- Calon mempelai perempuan bernama Suciwati
Untuk pihak keluarga laki-laki
- Bapak bernama Suryanto
- Calon mempelai laki-laki bernama Joko Santoso
Contoh teks atur pambagyaharja pasrah lamaran singkat
Bismillahirrohmanirrohim
Assalamu'alaikum Wr. Wb.
Katur dhumateng Para tamu kakung miwah putri ingkang winantu ing kabagyan. Para sesepuh, para pinisepuh ingkang sampun pana ing pamawas sarta lebda ing pitutur, mliginipun Katur bapak ibu keluarga badhe besan sutrisna ingkang satuhu kinormatan, boten katalumpen dhumateng para kaneman ingkang Bagya Mulya.
Keparengna kula mambeng saha nggempil kamardikan panjenengan sedaya awit kula mradapa dawuhipun Bp. Darmawan sekaliyan, piniji kinen ngaturaken Pambagyoharjo.
Minangka purwakaning atur sumangga sesarengan Kula dhereaken memuji syukur wonten ngarsa dalem Gusti Allah ingkang Maha Wicaksana, Awit Kanthi sih wilasa miwah barokah ingkang rumentah dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, satemah ing kalenggahan menika panjejengan lan Kula taksih saged nyawiji, manunggal kanthi pinayungan karaharjan tebih ing sambekala.
Baca juga: Teks Pranatacara acara lamaran
Para tamu Kakung putri ingkang satuhu kinormatan, madyaning pepanggihan menika Bp. Darmawan sekaliyan lumantar kula ngaturaken Sugeng rawuh wonten papan prasaja menika, mugi keparenga panjenengan Sedaya lenggah kanthi mardu mardikaning panggalih.
Keparenga kula aturaken menggah lekasing sedya wigatosing gati wonten ing kalenggahan menika. Nadyan panjenengan sedaya hambok bilih sampun sekaliyan ngawuningani. Nun inggih ing nguni Panjenenganipun Bp. Darmawan dalasan garwa sampun nggumolongaken pirembagan kaliyan panjenenganipun Bp. Suryanto, pangajab sami-sami netepi darmaning asepuh nedya ngraketaken balung apisah daging arenggang, ingkang antawisipun Bp. Suryanto sekaliyan garwa kagungan putra ingkang kekasih Bg. (Bagus) Joko Santoso, lan Panjenenganipun Bp. Darmawan sekaliyan anggadhahi Kenya siwi kanthi sesilih Rr (Rara) Suciwati, manunggaling sedya ingkang sampun jumbuh handhaupaken satataning adat. Inggih awit saking samudayanipun sampun manunggal cipta rasa miwah karsanipun ing kalenggahan punika badhe kaleksanaaken tata upacara pasrah panampining upakarti winastan lamaran.
Mugi-mugi lekas wekasing sedya saged kasembadan ingkang sami ginayuh, panyuwunipun Bp. Darmawan sekaliyan mugi wontena jumurunging pamuji hastuti saking para lenggah sadaya hanggenya Bp. Darmawan sekaliyan badhe 'nampi pasrahipun badhe kadang besan tansah manggih basuki ing salwiring reh.
Hambok bilih Bp.Darmawan sekaliyan sumarambah para kulawara anggenipun nampi karawuhan panjenengan sedaya kiranging tanggap tangguh miwah gupuh labet hanglenggana budi dayaning manungsa kirang sampurna, awit saking punika Bp. Darmawan sekaliyan namung tansah tumadhah lubering pangaksama.
Ing wasana cekap semanten aturipun Bp. Darmawan sekaliyan lumantar kula, hambok bilih wonten atur kula ingkang mboten mranani dhiri saha mboten hanuju prana labet kiranging seserepan kula ing reh suba sita, basa tuwin sastra, mugi diagung pangaksama panjenengan sedaya, wekdal kula aturaken kadang pranatacara.
Wassalamu'alaikum Wr. Wb.
Baca juga: susunan acara lamaran
0 comments
Post a Comment