Contoh atur Pambagyaharja lelayu sambutan di acara kematian

 


Pambagyaharja atau Pambagyoharjo merupakan sambutan yang umumnya diberikan oleh tuan rumah atau panitia. Kegiatan ini dalam masyarakat Jawa seringnya diwakili oleh orang yang dituakan atau dianggap memiliki kemampuan berbicara di depan orang banyak. Tuan rumah atau panitia akan menunjuk seseorang untuk menjadi juru bicaranya dalam rangka menyambut para tamu undangan dan memberikan ucapan terima kasih kepada para mitra dan handaitaulan yang telah membantu terlaksananya acara. Pambagyaharja biasanya setelah acara pembuka atau sebelum memasuki acara inti, namun bisa saja menyesuaikan kebutuhan atau keadaan.

Pambagyaharja menjadi ajang tuan rumah atau pembuat acara menyampaikan hal-hal yang berhubungan dengan terlaksana hajatnya. Selain menyambut,  dalam sesi pambagyaharja ini ada beberapa tahap ungkapan yang perlu diperhatikan, di antaranya:

  • Salam Pembukaa
  • Sapaan untuk hadirin terutama para sesepuh dan tamu penting lainnya
  • Ucapan selamat datang
  • Ucapan terimakasih 
  • Salam penutup 

Berikut ini sebagai contoh atur pambagyaharja. Namun sebelum perlu dipahami bahwa teks ini bisa ditambah atau dikurangi sesuai kebutuhan dan keadaan.

Tuladha Atur Pambagyaharja lelayu

Bismillahirrohmanirrohim

Assalamu'alaikum Wr.Wb

Dhumateng para rawuh kakung miwah putri ingkang dahat kinormatan, para sesepuh, para pini sepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman, para pangemban pangembating praja minangka pandam pandoming para kawula dasih, para pambela sungkawa miwah panglipur ingkang pantes sinudarsana.

Kula ing madyaning dhuhkita punika piniji dening kulawarga Bp/Ibu...sumrambah putra wayah ingkang sami nandhang, minangka sulih salira ngaturaken lekas ing sedya babaring karsa ingkang kawedharaken ing akathah inggih awit kawontenan miwah raos bebeging manah panje-nenganipun Bp/ Ibu .....karana pinunggel jatining katresnan pisah salami-laminipun. Awit saking punika mboten kuwawi matur wonten ngarsa panjenengan sadaya amung kandheg wonten salebeting kalbu.

Baca juga: contoh teks MC bahasa Jawa lelayu

Para rawuh kakung putri ingkang dipun mulyaaken dening Gusti Allah, minangka purwakaning atur, sumangga panjenengan sadaya kula dherekaken sesarengan tansah ngluhuraken asmaning Gusti Allah Ingkang Maha Agung, awit saking sih wilasaniPun  panjenengan sadaya dalasan kula taksih saget makempal manunggal ndherek bela sungkawa sedanipun Bp/lbu.....kanthi manggih kawilujengan datan rubeda menapa-menapa.

Shalawat Saha salam ugi kaaturaken dhumateng Uswatun Hasanah  panjenengan Kula sami Rasulullah Saw. Biqaulina "Allahumma shalli'ala sayyidina Muhammad."

Pambela sungkawa kakung putri ingkang sinubeng pakurmatan, panjenenganipun Bp/lbu para kulawarga panandhang lumantar kula hangambali matur sugeng rawuh miwah panuwun ingkang tanpa pepindhan, menggah karawuhan panjenengan sadaya tandha yekti nedahaken raos sih katresnan ingkang mboten saged ginambaraken ing mriki.

Wigatosing gati ing madyaning dhuhkita wekdal punika, perlu kula aturaken nadyan panjenengan sadaya sampun pikanthuk kintaka layu-layu miwah warta ingkang binandhunging karna, parandene wekdal punika kula aturaken wonten ngarsa panjenengan sadaya bileh:

Bp/lbu:......

magut dinten:......

sampun murut ruping dinten wanci tabuh dhumateng kasidan jati saha katimbalan wonten pangayunaning Pangeran Gusti Allah ingkang maha kawasa kanthi tentrem jalaran nandhang. Kados punapa anggenipun mbudi daya para kulawarga ngantos kaliwat saking bebasan ateken janggut suku jaja anggenipun ngupadi usaha murih Bp/lbu..... kados jati temahan waluya, parandene sadaya wiradat mboten kuwawi ngungkuli panguwaosinga kodrat saget pinaringan waluya jati.

Inna lillahi wa inna illaihi roji'un. Amung panyuwunipun para kulawarga panandhang mugi wontena suka lilaning penggalih para pambela sungkawa kakung putri tansah paring donga puja hastawa mugi rohipun suwargi Bp/lbu.... Saget jembar kubure, dipun apunten sadaya dosanipun katampa amalipun wonten ngarsaning Pangeran, saja pikanguk papan ingkang tansah lepas sak mesthinipun, wondene para kulawarga ingkang tinilar enggala pinaringan katentreman, iman ingkang teguh saengga saget pulih nindakaken jejibahan ingkang kapanggul sowang-sowang. 

Para pambela sungkawa kakung putri ingkang kinurmatan, kparingipun para panandhang, suwargi Bp/lbu... nyuwun pamit wonten ngarsa panjenengan sak lami-laminipun, hambok bilih duk rikala Bp/lbu.... taksih sugengipun wonten pepetangan ingkang dereng karampungan kalihan panjenengan, mugi karampunga kalihan kulawarga ingkang tinilar, saha mbok bilih duk rikala sugengipun suwargi Bp/lbu... hanggadhahi kalepatan dhumateng panjenengan sadaya, mugi para pambela sungkawa tansah hangandhapna pangaksama ingkang agung.

Para pambela sungkawa kakung putri ingkang sinandhing rohmating Gusti, keparengipun para kulawarga, layon suwargi Bp/Ibu astana laya badhe kapethak miwah kasarekaken ing sru panyuwunipun para panandhang, mbok bilih para pambela sungkawa mboten wonten pambengan, kasuwun mangke ndherekaken bidhaling layon ngantos dumugi ing astana laya wondene wonten pakaryan ingkang wigati, kulawarga panandhang namung saget ngaturaken panuwun saha ngaturaken sugeng kondur.

Boten kekilapan kulawarga panandhang tansah ngaturaken agenging panuwun, awit sih kadarman panjenengan sadaya langkung-langkung para warga RT kelurahan ingkang sampun kepareng hanyengkuyung ingkang dados karepotanipun kulawarga panandhang, ingkang punika mbok bilih kulawarga panandhang, ingkang punika mbok bilih kulawarga panandhang mboten saget mangsulaken karana lahir amung kasumanggakaken wonten ngarsanipun Gusti Allah, mugi sih kadarman panjenengan dadosa ngamal kasaenan.

Pepuntoning atur saking kulawarga ingkang sami nandhang dhuhkita lumantar kula, hambok bilih anggenipun nampi karawuhan panjenengan sadaya kirang trep kalihan handhap inggiling kalenggahan labet mboten kajarag/kasengaja, para panandhang amung tumadha lubering pangaksama ingkang agung, kula pribadhi minangka sulih salira, menawi wonten atur ingkang mboten mranani dhiri, labet kiranging seserepan ugi nyuwun rumentahing pangaksama ingkang agung, ing wasana wekdal kula aturaken kadang Pranata Adicara.

Billahi taufik wal hidayah

Wassalamu'alaikum Wr. Wb.


Terjemah bahasa Indonesia

Sebelumnya perlu diketahui bahwa budaya orang jawa sangat mengagungkan orang lain. Dalam berbicara akan ditemui mereka meninggikan posisi (derajat) lawan bicara sebagai bentuk penghormatan. hal ini juga terjadi dalam teks pembawa acara bahasa jawa, dimana terdapat banyak kata sanjungan yang terkesan berlebihan, namun itulah tatakrama dalam adat jawa.

Contoh teks Sambutan acara kematian

Bismillahirrohmanirrohim


Assalamu'alaikum Wr.Wb

Kepada hadirin sekalian bapak ibu yang kami hormati, kepada para sesepuh yang dituakan yang sudah seharusnya dihormati, serta para pejabat yang menjadi pelindung masyarakat dan juga semua hadirin para tamu yang menghadiri acara Melayu Pada kesempatan ini.

Saya yang ditunjuk dari pihak keluarga besar keluarga Bp/Ibu... Yang sedang berduka, sebagai wakil yang memberikan sambutan karena keluaarga sedang merasa kehilangan ditinggalkan oleh Beliau Bp/ Ibu ..... Untuk selama-lamanya. Oleh karena itu tidak bisa menyampaikan sambutan sendiri hanya berhenti di dalam hati.

Hadirin sekalian bapak ibu yang dimuliakan Allah, sebagai pembuka Mari saya ikuti mengagung nama Allah subhanahu wa ta'ala mengawalira rawuh kakung putri ingkang dipun mulyaaken dening Gusti Allah, dikarenakan kasih sayangnya lah jua sehingga kita semua bisa berkumpul bersama turut mengikuti acara lelayu meninggalnya Bp/lbu..... Tanpa halangan apapun.

Shalawat dan salam Mari juga kita haturkan kepada Uswatun Hasanah panjenengan Kula sami Rasulullah Saw. Biqaulina "Allahumma shalli'ala sayyidina Muhammad."

Bapak ibu hadirin sekalian yang kami hormati, keluarga besar bp/lbu.... Menyampaikan ucapan terima kasih yang sebesar-besarnya untuk kehadiran bapak ibu sekalian, sungguh itu menjadi bukti betapa besar kasih sayang ibu semua kepada kami yang tak bisa tergambarkan di sini.

Adapun yang menjadi acara pada siang hari ini, walaupun mungkin bapak ibu sudah banyak yang tahu, karena sudah mendapatkan kabar, namun ada baiknya kami kabarkan kembali bahwa:

Bp/lbu:.....

Hari tanggal:.....

Telah meninggal dunia menghadap ke haribaan ilahi Gusti Allah yang maha kuasa karena sakit. Telah banyak yang diusahakan oleh pihak keluarga untuk memperoleh kesembuhan Bp/lbu...., Namun demikian ternyata tidak bisa untuk menghalangi takdir dari Yang Maha Kuasa.

Inna lillahi wa inna illaihi roji'un. Keluarga besar almarhum / almarhumah mengharapkan bapak ibu hadirin sekalian berkenan memberikan doa semoga Bp/lbu.... Bisa luas kuburnya, diampuni dosa-dosanya dan diterima amalnya oleh Allah subhanahu wa ta'ala. Dan keluarga yang ditinggalkan bisa segera pulih kembali sehingga bisa menjalankan tugas dan kewajiban masing-masing seperti sedia kala.

Hadirin sekalian bapak ibu yang kami hormati, maksud dari keluarga, almarhum Bp/lbu... Memohonkan pamit kepada bapak ibu sekalian untuk selama-lamanya, apabila Bp/lbu.... Ketika ketika masih hidup ada hal urusan yang bersangkutan dengan bapak ibu semua, berkenan untuk diselesaikan dengan pihak keluarga, serta bila almarhum/ah.... Berbuat kesalahan semasa hidupnya, mohon berkenan bapak ibu sekalian untuk memaafkannya. 

Hadirin sekalian bapak ibu yang dimuliakan Allah, keinginan keluarga almarhum/ah BP/Ibu....akan dimakamkan, diharapkan hadirin sekalian yang tidak berhalangan bisa mengikuti acara di pemakaman hingga sampai selesai nanti, namun jika memang ada tugas dan kewajiban yang harus dilaksanakan, keluarga yang sedang berduka hanya bisa mengucapkan terima kasih dan dipersilahkan jika hendak pulang.

Tidak lupa keluarga besar yang sedang berduka mengucapkan terima kasih yang sebesar-besarnya, atas segala bentuk bantuan dan kebaikan dari dari semua warga RT, Kelurahan yang sudah berkenan bergotong-royong bersama-sama membantu kerepotannya. Keluarga yang sedang berduka tidak bisa memberikan ganti hanya diserahkan kepada Allah subhanahu wa ta'ala, semoga menjadi amal kebaikan bapak ibu semua.

Teks MC bahasa Jawa dan info: Acara lamaran -midodareni-manten-ngunduh-mantu-pengajian

Akhir kata keluarga besar yang dapat duka melalui saya, apabila dalam menerima kehadiran bapak ibu sekalian tidak sesuai dengan kedudukan dan derajat sungguh tidaklah disengaja, maka berkenan kiranya untuk memberikan maaf yang sebesar-besarnya. Demikian pula saya pribadi sebagai wakil bicara tuan rumah apabila ada tutur kata yang tidak sesuai dengan tata krama karena kurangnya pengetahuan, saya meminta maaf. Selanjutnya waktu saya kembalikan ke pembawa acara.

Billahi taufik wal hidayah

Wassalamu'alaikum Wr. Wb.

0 comments

Post a Comment