Teks Pranatacara kesripahan (Lelayu / Kematian ) dilengkapi terjemah bahasa Indonesia

 


Kematian merupakan bagian yang tak terpisahkan dari proses kehidupan seseorang. Ia menjadi bagian yang paling menyedihkan dalam setiap perjalanan manusia. Semua orang tidak  bisa terhindar dan pasti mengalaminya.  Daya dan upaya manusia apapun tidak ada yang bisa lari atau menghindari momen yang dianggap menyedihkan ini. 

Ketika ada anggota keluarga atau kerabat yang meninggal, pada umumnya akan ada upacara atau ritual tertentu sebelum dimakamkan. Ritual tersebut intinya adalah mendoakan almarhum diakhir kehidupannya untuk tambahan bekal kehidupan akhirat.  Melalui ritual atau doa'-doa diharapkan bisa menjadikan perbuatan baik orang yang meninggalkan tersebut diterima dan perbuatan buruknya diampuni sehingga kehidupan akhiratnya menjadi baik. 

Ritual sebelum orang meninggal dikebumikan pada setiap daerah bisa berbeda-beda. Hal ini dipengaruhi oleh sosial budaya dan kepercayaan daerah masing-masing. Pada masyarakat yang memeluk agama Islam pastinya akan menyesuaikan sebagaimana dengan tuntunan Islam.

Masyarakat Islam di Indonesia khususnya  suku Jawa menyebut kematian dengan kesripahan atau lelayu. Tradisi lelayu dalam mendoakan atau ritual sebelum dikebumikan ada beberapa tahapan. Tahapan-tahapan ini sudah jamak dilakukan di masyarakat Jawa sehingga ketika ada kabar lelayu, maka proses sebelum dimakamkannya pun kurang lebih sama. Setelah jenazah dimandikan akan ada rangkaian acara sebelum jenazah diberangkatkan tempat pemakaman. Adapun urutan acaranya sebagai berikut:

Urutan acara upacara Kematian adat Jawa

  • Pambuka acara angkating layon (pembukaan acara jenazah akan dimakamkan)
  • Nyolataken layon (solat jenazah)
  • Tanggap pasuryan (penghormatan terakhir jenazah)
  • Pambagyaharja (sambutan)
  • Panglipur (tausyiah penghiburan)
  • Donga (doa)
  • Angkating layon (jenazah akan diberangkatkan)
  • Brobosan (keluarga masuk ke bawah keranda jenazah yang sudah diangkat pemikul keranda)
  • Penutup 

Pembawa acara lelayu

Acara di atas bisa saja dikurang atau ditambah sesuai kebutuhan di situasi. Untuk memperlancar kegiatan sebaiknya ada di antaranya masyarakat yang bisa menjadi pembawa acara lelayu. Hal ini pastinya sangat membantu pihak keluarga yang sedang berduka sehingga mereka lebih bisa berfokus ke pengurusan jenazahnya. Sebagai panduan, berikut ini contoh teks pembawa acara lelayu dalam versi bahasa Jawa dan dilengkapi terjemah bahasa Indonesia.

Contoh Teks Pranatacara Upacara Badhe Bidhaling Layon

Bismillahirrohmanirrohim 

Assalamu'alaikum Wr. Wb.

Dhumateng para tamu Kakung miwah putri ingkang satuhu kinormatan. Para pepundhen, para sesepuh, para pini sepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi, para pangemban pangembating nagari minangka pandam pandoming kawula dasih ingkang pantes kinurmatan, lan boten ngirangi Raos kurmat Kula, Sedaya kemawon pambela sungkawa ingkang dipun mulyaaken dening Gusti Allah.

Madyaning panandhang ing ri kalenggahan punika, kula ing ngriki minangka pambiwara ingkang piniji dening kulawarga panandhang Bp/ ibu... Ingkang kagungan pamundut wontenipun tata upacara badhe bidhaling layon

"Inna lillaahi wa inna lillaihi roji'un" sampun murut dhumateng kasedan jati suwargi Bp/Ibu... lantaran nandhang. Ingkang punika saksampunipun pangruktining layon sampun paripurna, keparengipun kulawarga ingkang nandhang dhukita inggih panjeneganipun keluarga BP/Ibu.... Ing kalenggahan punika dipun wonteni tata upacara sawatawis ingkang sampun lumampah

Saderengipun kula ngaturaken lekasing sedya, sumangga nun dhumateng para sungkawa kakung putri kula dherekaken hangluhuraken asmaning Gusti Ingkang Maha Kawasa, awit rohmat saha sih wilasanipun ingkang sampun rumentah dhumateng panjenegan sadaya dalasan kula, saengga maksih saged ndherek bela sungkawa kanthi pinayungan karaharjan nir ing sakara-kara.

Para pambela sungkawa kakung putri ingkang pantes sinudarsana/sinubeng pakurmatan, wahyaning mangsakala upacara hangkating layon kaleksanakaken, wondene reroncening adicara kados sampun karakit dening kulawarga, ingkang punika Pranata Adicara ngaturaken reroncening adicara:

  • Tinarbuka sholat/jenazah dening para kadang ingkang piniji, 
  • kalajengaken tanggap pasuryan. 
  • Atur pambagyaharja saking para kulawarga ingkang sami nandhang dhuhkita.
  • Atur panglipur dening tetuwangga ingkang sumandhing keblating panembah.

  • Donga dening tetuwangga ingkang piniji.P
  • Paripurnaning upacara pratandha yekti bidhaling layon (dipun wonteni brobosan menawi keparengipun kulawarga netepi adhat). 
Mekaten para rawuh, menggah urut reroncening adicara ingkang rinakit dening para kulawarga, nuwun.

Badhe Ngaturi Para Ingkang Nyolataken Layon

Jumbuh kalian urut reroncening adicara ing ngajeng ngatur uninga dhumateng para kadang ingkang badhe nyolataken layonipun suwargi Bp/lbu.... kasuwun enggal samekta ing gati, wondene ingkang piniji minangka imam panjeneganipun Bp....wekdal kasumanggakaken.

Badhe Tanggap Pasuryan

Paripurna sholat layon ingkang katindakaken dening para alim ulama miwah para kadang sutresna, ingkang salajengipun ngancik tata upacara tanggap pasuryan, nun inggih para pambela sungkawa kakung putri ingkang luhur ing darma, hambok bilih keparengipun sedya badhe atur pakurmatan ingkang pungkasan dhumateng layonipun Bp/Ibu ....wekdal kasumanggakaken. wondene ingkang piniji mbikak pethining layon saha ingkang piniji mratitisaken wontenipun tanggap pasuryan nun inggih panjenenganipun Bp..

Tuladha Salebetipun Tanggap Pasuryan

Para pambela sungkawa kakung putri ingkang pantes sinudarsana, madyaning dhuhkita ing wekdal punika perlu kula aturaken, kados punapa pambudidayaning para kulawarga miwah para putra wayah anggenipun pados usada murih suwargi Bp/ Ibu...saget walyu jati, jati temahan waluya, parandene kridhaning ati mboten saged mbedhah kuthaning pasthi budi dayaning manungsa tan bangkit ngungkuli garising kawasa. Karana panguwaosing kodrat den gedhongana, den kuncenana wong mati mangsa wurunga, ingkang punika panyuwunipun para putra wayah ingkang sami nandhang mugi wontena suka lilaning penggalih paring puji donga mugi rohipun suwargi Bp/Ibu.... tansah lepas parane, jembar kubure, dipun apunten sadaya dosanipun saha pinaringan papan ingkang sak mesthinipun, awit saking karsaning Gusti Allah ingkang Maha Kawasa.

Badhe Pambagyaharja

Contoh atur pambagyaharja/ Pambagyoharo lelayu klik disini

Saparipumaning tanggap pasuryan kalajengaken adicara atur pambagyaharja. Dhumateng para pambela sungkawa kakung putri ingkang sinuba ing pakurmatan, nadyan panjenenganipun Bp/ Ibu (para panandhang).... ing wekdal punika raosing manah mboten saget ginambaraken ing mriki karana kawontenani ribet kaworan bebeg, parandene keparengipun sedya badhe matur wonten ngarsa panjenengan, nun inggih atur pambagya yuwana miwah atur panuwun, karana bebeging manah mboten kuwawa matur amung kandheg wonten ing madyaning jangga, pramila ingkang piniji minangka sulih salira tanulyan/mboten wonten malih panjenenganipun Bp. ....wekdal kasumanggakaken.

Ngancik Adicara Panglipur

Para pambela sungkawa, para ta'jiah, ta'jiin ingkang kinurmatan, kanthi terwaca cetha atur pambagyaharja saking Bp.... minangka sulih salira kulawarga panandhang. Acara candak.ipun nggih menika panglipur dening tetuwangga ingkang sampun pana keblating panembah pana ing pamawas lebda ing pitutur. wondene ingkang nyalirani panjenenganipun sumangga nun. nun inggih wekdal kasumanggakaken

Ngancik Donga

Ngaturaken panuwun tanpa pepindhan, Mugi panglipur ingkang dipun aturaken saget damel sarana kulawarga ingkang dhuhkita enggal pinaringan katentreman pulih kados wingi.

uni ingkang salajengipun mugi rohipun suwargi Bp/lbu.... pinaringan pangapunten sowan pangayunaning Gusti Allah Ingkang Mahaagung dipun wonteni donga ingkang badhe dipun pandegani dening panjenenganipun Bp...dhumateng priyagung ingkang piniji  kasumanggakaken, sumangga nun. 

Atur Badhe Angkating Layon

Para pambela sungkawa kakung putri ingkang pantes sinudarsana, angkating layon badhe kaleksanakaken dening para kulawarga panandhang, ingkang punika dhumateng panjenenganipun para kulawarga ingkang piniji hamanggul pethining layon kasuwun samekta ing gati.

Atur badhe Upacara Brobos

Para pambela sungkawa kakung putri ingkang berbudi dharma, pethining layon sampun kapanggul dening para kulawarga wonten sangajenging wisma dhuhkita, keparenging sedya badhe hanetepi tatacara brobosan, dhumateng para putra wayah ingkang badhe netepi tatacara brobosan mugi samekta ing gati, wondene ingkang mratitisaken panjenenganipun Bp.... sumangga nun.

Atur Paripurnaning Upacara Bidhaling Layon

Para pambela sungkawa kakung putri ingkang pantes tampi pakurmatan, makaten menggah lampahing upacara bidhaling layon, layon badhe kapethak saha kasarekaken wonten ing astana laya, panyuwunipun para panandhang, hambok bilih para pambela sungkawa mboten wonten pambengan kasuwun mangke ndherekaken bidhaling layon dumugi ing astana laya wondene wonten pakaryan ingkang wigati kulawarga hamung saget ngaturaken panuwun saha ngaturaken sugeng kondur.

Kula pribadhi minangka Pranata Adicara mbok bilih anggen kula ngaturaken urut reroncening adicara wonten kiranging trapsila, suba sita miwah kiranging basa tuwin sastra karana budi dayaning manungsa kirang sampurna kridhaning ati datan bisa mbedhah kuthaning pasthi, mawantu-wantu nyuwun lubering pangaksama.

Ing wasana akhirul kalam billahi taufik wal hidayah Wassalaamualaikum Wr. Wb.

Terjemah bahasa Indonesia

Sebelumnya perlu diketahui bahwa budaya orang jawa sangat mengagungkan orang lain. Dalam berbicara akan ditemui mereka meninggikan posisi (derajat) lawan bicara sebagai bentuk penghormatan. hal ini juga terjadi dalam teks pembawa acara bahasa jawa, dimana terdapat banyak kata sanjungan yang terkesan berlebihan, namun itulah tatakrama dalam adat jawa.

Contoh Teks Pranatacara Upacara Sebelum Pemberangkatan Jenazah

Bismillahirrohmanirrohim 

Assalamu'alaikum Wr. Wb.

Kepada bapak ibu sekalian yang kami hormati, kepada para sesepuh, orang yang dituakan yang senantiasa menjadi teladan, para pejabat negara yang menjadi pegangan masyarakat yang kami hormati, serta tidak mengurangi rasa hormat kepada seluruh hadirin yang tidak  bisa kami sebutkan namanya satu persatu yang dimuliakan Allah.

Dalam suasana duka kali ini, saya yang ditunjuk sebagai pembawa acara oleh pihak keluarga yang sedang berduka Bp/ ibu... yang menghendaki adanya tata cara upacara keberangkatan jenazah

"Inna lillaahi wa inna lillaihi roji'un" telah meninggal dunia Bp/Ibu... Karena sakit. Oleh karena itu, setelah pengurusan jenazah selesai, permintaan keluarga BP/Ibu.... dalam kesempatan ini diadakan tata upacara sebagai mana yang telah menjadi adat

Sebelum kami sampaikan rangkaian acara, mari bersama kita agungkan nama Allah Yang Maha Kuasa, atas segala limpahan Rahmat yang telah diberikan kepada kita, sehingga pada kesempatan kali ini kita masih bisa mengikuti acara bela sungkawa tanpa gangguan apapun.

Bapak ibu hadirin sekalian yang kami hormati, berikut kami bacakan urutan acara kali ini. Adapun urutan acara sebagaimana berikut: 

  • Diawali dengan sholat/jenazah,
  • dilanjutkan penghormatan (melihat wajah jenazah) 
  • Sambutan dari pihak keluarga yang sedang berduka .
  • Penyampaian Penghiburan.

  • Doa
  • Penutupan dengan ditandai diberangkatkan jenazah (ada acara brobosan jika keluarga ingin mengikuti adat). 

Demikian hadirin sekalian, rangkaian acara yang telah disusun pihak keluarga, nuwun.

Ketika akan menyolatkan jenazah

Sesuai dengan urutan acara yang sudah saya sampaikan selanjutnya adalah menyolatkan jenazah almarhum/ah Bp/lbu.... Dimohon untuk segera bersiap, sebagai Imam adalah Bp.... Kami persilahkan.

Akan acara penghormatan terakhir (melihat wajah)

Paripurna sholat jenazah yang telah dilaksanakan oleh para alim dan diikuti oleh saudara sekalian, selanjutnya akan menginjak ke acara berikutnya yaitu tanggap pasuryan, para tamu yang Budiman, apabila berkenan ingin memberi penghormatan terakhir kepada almarhum/ah Bp/Ibu .....dipersilahkan. adapun yang akan membuka peti dan yang mengarahkan adalah Bp..

Contoh ditengah acara melihat wajah/penghormatan terakhir 

Bapak ibu hadirin sekalian yang kami hormati, di tengah suasana kota ini, bisa kami sampaikan bagaimana usaha dari pihak keluarga untuk bisa memperoleh kesembuhan dari almarhum/ah Bp/ Ibu...agar bisa sehat kembali, namun apalah daya jika memang Allah sudah menghendaki dan menggariskan bahwa beliau harus menghadap ke haribaanNya, harapan dari pihak keluarga berkenan hadiri sekalian memberika doa agar bisa luas kuburnya, diampuni dosanya serta bisa mendapat tempat yang terbaik di sisi Allah SWT Yang Maha Kuasa.

Akan acara sambutan 

Contoh atur pambagyaharja/ Pambagyoharo lelayu klik disini

Selesai acara tanggap pasuryan, maka akan diteruskan dengan acara sambutan. Kepada hadirin sekalian yang kami hormati, walaupun keluarga besar Bp/ Ibu (yang sedang berkabung).. saat ini suasana hati sungguh tidak tergambarkan betapa sedihnya, bermaksud ingin menyampaikan sambutan dan terima kasih, Namun karena keadaan yang sedang riweh maka mewakilkan kepada Bp. .... kepada beliau kami persilahkan.

Menginjak acara Penghiburan

Hadirin sekalian, para ta'jiah, ta'jiin yang kami hormati,  sangat jelas atur sambutan yang disampaikan oleh Bp.... Yang menjadi wakil dari keluarga yang sedang berduka. Acara berikutnya adalah penghiburan oleh beliau yang sudah banyak pengalaman, pengetahuan serta berlimpah kebijaksanaan. Kepada beliau kami persilahkan. 

Acara doa

Mengucapkan terima kasih yang sebesar-besarnya, semoga penghiburan barusan bisa menjadi sarana keluarga yang sedang berduka segera diberikan ketentraman seperti sedia kala.

Untuk selanjutnya, agar almarhum/ah Bp/lbu.... bisa mendapat ampunan dan Rahmat dari Allah Yang Maha Agung maka akan diadakan acara doa yang akan dipimpin oleh  Bp...kepada beliau kami persilahkan. 

Ketika jenazah akan diberangkatkan

Para pambela sungkawa kakung putri ingkang pantes sinudarsana, angkating layon badhe kaleksanakaken dening para kulawarga panandhang, ingkang punika dhumateng panjenenganipun para kulawarga ingkang piniji hamanggul pethining layon kasuwun samekta ing gati.

Ketika acara Brobosan

Para pambela sungkawa kakung putri ingkang berbudi dharma, pethining layon sampun kapanggul dening para kulawarga wonten sangajenging wisma dhuhkita, keparenging sedya badhe hanetepi tatacara brobosan, dhumateng para putra wayah ingkang badhe netepi tatacara brobosan mugi samekta ing gati, wondene ingkang mratitisaken panjenenganipun Bp.... sumangga nun.

Penutupan acara pemberangkatan jenazah

Para pambela sungkawa kakung putri ingkang pantes tampi pakurmatan, makaten menggah lampahing upacara bidhaling layon, layon badhe kapethak saha kasarekaken wonten ing astana laya, panyuwunipun para panandhang, hambok bilih para pambela sungkawa mboten wonten pambengan kasuwun mangke ndherekaken bidhaling layon dumugi ing astana laya wondene wonten pakaryan ingkang wigati kulawarga hamung saget ngaturaken panuwun saha ngaturaken sugeng kondur.

Saya pribadi sebagai pembawa acara apabila dalam menyampaikan serta memandu acara ada kekurangannya, semua tak lepas dari budidaya manusia yang memang tidak ada yang sempurna, oleh karena itu mohon berkenan memberikan maaf yang sebesar-besarnya.

Akhir kata, akhirul kalam billahi taufik wal hidayah Wassalaamualaikum Wr. Wb.


0 comments

Post a Comment