Pranatacara lamaran bahasa jawa mudah dipelajari dilengkapi terjemahannya


Lamaran merupakan gerbang menuju pernikahan. Lamaran menjadi suatu acara penting bagi orang yang akan menikah. Dalam acara ini, seseorang yang menjalin  hubungan meminta pasangannya melanjutkan ke jenjang berikutnya yaitu menikah. Jika lamaran diterima, itu menandai dimulainya pertunangan mereka, kedua keluarga akan bersiap-siap mengadakan acara pernikahan mereka di waktu yang biasanya tidak jauh dari masa itu. Adapun acara lamaran dan pernikahan biasanya menyesuaikan dengan adat dan tradisi yang dipilih kedua mempelai.

Acara lamaran umumnya hanya pihak keluarga dan teman terdekat saja. Acara ini menjadi momen yang cukup sakral dan mendebarkan terutama saat menunggu balasan atau jawaban dari pihak perempuan. Acara ini pastinya juga akan lebih runtut jika diatur sedemikian rupa. Lalu apa saja isi acara dalam lamaran? 
Kurang lebih isinya sebagai berikut:

Susunan Acara Lamaran Pernikahan

  • Kehadiran Keluarga Calon Mempelai Laki-laki
  • Pembukaan acara
  • Penyampaian Maksud dan Tujuan Kedatangan pihak laki-laki
  • Pemberian Jawaban dari pihak keluarga Perempuan
  • Penyerahan Seserahan.
  • Bertukar cincin (jika ada)
  • Ramah tamah atau Perkenalan Antar Keluarga
  • Penutupan.

Susunan acara di atas tentunya akan semakin bagus jika ada yang memandu. Pemandu acara atau yang biasa disebut MC hendaknya juga menyesuaikan dengan budaya yang akan dilaksanakan. Misal masyarakat setempat menggunakan bahasa Jawa, sebaiknya pembawa acara juga menggunakan bahasa Jawa. Berikut ini contoh teks pembawa acara pada acara lamaran berbahasa Jawa yang dilengkapi terjemahnya.

Persiapan menjadi pranatacara Acara lamaran

Pranatacara sebagai pusat perhatian. Baik suara atau penampilan hendaknya perlu disiapkan sebaik-baiknya. Usahakan tampil rapi dan jauh dari bau mulut maupun badan. Selain itu adalah datang lebih sebelum acara dimulai. Hal ini agar bisa menguasai keadaan dan meminimalisir rasa gugup.

Persiapan menjadi pranatacara acara lamaran perlu mencatat hal-hal yang penting yang akan dibaca. Hal penting yang sebelumnya perlu diketahui di antaranya : nama yang punya hajat, nama besan, nama kedua calon mempelai. Sebagai contoh:

Nama yang punya hajat: Harjono
Calon pengantin perempuan: Fatimah

Orang tua calon pengantin laki-laki: Suhartono
Calon pengantin laki-laki : Muhammad Fadil

wakil pambagyaharja tuan rumah: Kyai Haji Rahman, S.Pd.

Wakil/duta bicara pihak perempuan: Drs. Wagiman
Wakil/duta bicara mempelai laki-laki: Hadi Sulistyo, M.Pd.
Pemimpin doa : Kyai Haji Rahman, S.Pd.

Contoh teks pembawa acara lamaran bahasa jawa

TULADHA TEKS PRANATACARA LAMARAN


Bismillahirrohmanirrohim 

Assalamu'alaikum Wr. Wb.

Dhumateng para rawuh Kakung miwah putri ingkang satuhu kinormatan, 
para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi, 
para kadang wredha, saha dhumateng para duta saraya saking kadang Badhe besan sutresna ingkang dipun mulyaaken dening Gusti Allah.

Mradapa keparengipun Bp. Harjono sekeluarga, ing kalenggahan punika kula piniji minangka pambiwara upacara pasrah panampi lamaran kinarya jejangkeping tata cara salaki rabi.

Namung saderengipun kula ngaturaken urut reroncening adicara ingkang sampun karakit dening para kulawarga, sumangga kula dherekaken ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalem Allah ingkang Maha Agung, karana ageng barokah saha rahmat ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sadaya dalasan kula.

Shalawat Saha salam ugi kaaturaken dhumateng Uswatun Hasanah penjenengan Kula sami, Rasulullah Saw. biqoulina "Allahumma shalli 'ala sayyidina Muhammad". 

Sinawung raos syukur saha shalawat ing ngajeng, mugi lampahing adicara pasrah panampi lamaran saha upakarti pinangka jejangkeping palakrama tansah pinaringan rahayu tebih ing sambekala.

Para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan, keparengna Kula minangka pambiwara murwani lekasing sedya ingkang punika enggal badhe binuka lampahing upacara pasrah tampi kanthi ngaturaken reroncening adicara ingkang rinantam.

  • Adicara kaping sepisan nun inggih pambuka.
  • Angka kalih pambagyaharja saking ingkang hamengku gati dening tetuwangga ingkang sampun piniji
  • Angka tiga atur lamaran miwah upakarti dening pangarsaning duta saraya pinangka sulih sarira saking badhe calon besan. 
  • Angka sekawan atur panampi
  • Angka gangsal kaleksananing adicara liru kalpika (menawi wonten )
  • Angka enem tanggap wacana sawatawis saking pinisepuh (menawi wonten). 
  • Angka pitu nun inggih dunga
  • angka wolu paripurnaning sedya hambok bilih ing mangke wonten pratanda saking keluwarga minangka paran para.

Mekaten para tamu saha para lenggah urut reroncening tata adicara pasrah lamaran ingkang sinanggit dening para kulawarga. kasuwun wontena suka Waning penggalih tansah hanjenengi ngantos dumugi puraning gati. Nuwun.

1. Acara pambuka

Para lenggah kakung sumawana putri, ingkang sinuba ing pakurmatan.

Mlebet acara ingkang sepisan nggih menika pambuka, kagem nambahi berkahing adicara sumonggo binuka sesarengan kanthi waosan Ummul kitab (surat Al Fatihah). " 'ala hadzihinniyyati walikulli niyyatin sholihah bibarakati Ummul Qur'an, Al Fatihah"...

Matur nuwun, Mugi kanthi wasilah waosan surat alfatihah kalawau acara ing kalenggahan menika lumadhi gancar dumugi wasana mangke.

2. Acara pambagyaharja 

Para lenggah kakung sumawana putri, ingkang winantu  ing kabagyan, raos bombong miwah mongkoging manah, panjenenganipun Bp. Harjono sekalihan ingkang mengku gati mboten saged kagambaraken.  Ing sedya badhe hangaturaken pambagyaharjo wonten ngarsa panjenengan.

Awit saking bombonging manah anggennya badhe matur amung kandheg wonten samadyaning jangga, ingkang punika minangka sulih sarira ingkang piniji nun inggih panjenenganipun Bp.Kyai Haji Rahman, S.Pd.
Murih rahayuning sedya, sumangga.

Terwaca cetha kaduk ruruh hangarah prana aturipun Bp.Kyai Haji Rahman, S.Pd. pinangka sulih sarira ingkang hamengku gati.

3. Acara atur pasrah Lamaran

Para lenggah kakung miwah putri ingkang dipun mulyaaken dening Gusti Allah, ngancik adicara candak.ipun nun inggih atur pasrahipun saking duta saraya badhe/calon besan. Wondene ingkang pinangka sulih sarira nun inggih panjenenganipun Bp.Hadi Sulistyo. Dhumateng priyagung ingkang piniji kasumanggakaken.


Satuhu cetha wijang gamblang pangandikanipun BP. Hadi Sulistyo minangka duta saking Badhe  besan. 

4. Panampi Pasrah Lamaran

Ingkang  saklajengipun nun inggih atur panampi saking keluarga Bp. Harjono ingkang Badhe dipun sarirani dening Bp. Wagiman. Wekdal kasumanggakaken, sumagga nun.


Alhamdulillah, kanthi terwaca cetha atur panampinipun saking panjenenganipun Bp. Wagiman minangka sulih saliranipun ingkang hamengku gati.

Ingkang salajengipun kepareng Badhe dipun acarani paniti priksa sarana ingkang kapasrahaken saha kaleksanakaken paragan saking duta saraya (ingkang pasrah) dhumateng panampi pasrah, ujuding arta miwah jene salajengipun kaaturaken dhumateng ingkang mengku gati, kaleksananing sedya kasumanggakaken. (Langkung sae dipun dokumentasiaken).

5. Tukar cincin / liru Kalpika (menawi wonten)


Para lenggah kakung putri ingkang sinuba ing pakurmatan.
Mradapa pamintanipun saking calon besan, ingkang jumbuh kalian keparengipun Bp. Harjono sakeluarga inggih menika dipun wontenaken acara liru kalpika. Pramila dhumateng calon pinangantin saha para-para ingkang piniji enggal siaga. 

Wondene para kulawarga ingkang piniji nun inggih panjenenganipun Ibu calon penganten putri panjenenganipun Ibu Bp. Harjono dalasan Bp. hanganthi calon penganten putri Nimas ayu Fatimah, saking kelarga pengantin kakung Dimas Muhammad Fadil kaanthi dening Ibu lan Bp. Suhartono.

Kados samudayanipun sampun samekta dhumateng para kulawangsa ingkang piniji wekdal kasumanggakaken. Wahyaning mangsa kala tumapaking liru kalpika katindakaken dening calon penganten, sinubagya ungeling Ketawang Wigaringtyas/Langgam Ali-ali laras Sl. Panthet Manyura.

Tuladha Aturipun Pranatacara Salebetipun Liru Kalpika

Para lenggah kakung miwah putri ingkang winantu ing suka basuki, kaleksanan acara liru kalpika, pangandikanipun para pinisepuh, nggih menika liru kalpika saged katindakaken saderengipun calon penganten kaijabanken utawi kapanggihaken, wondene menawi sampun kaijabaken saged winastan imbal kalpika, tali asih minangka pratandha miwah tetenger bilih sampun wonten ingkang nggadhahi.

6. Acara Tanggap Wacana (menawi wonten)


Alhamdulllah, sampun purna kanthi lulus raharjo liru kalpika ingkang katindakaken calon temanten kakung miwah putri. Mugi-mugi calon temanten tansah manteb anggenya badhe netepi palakrama, tansah asah, asih, asuh, mboten kengguh ing panggodha. Kekalihipun saget nindaki acara ingkang langkung ageng nggih menika adicara pala krama wonten ing dinten ingkang sami dipun sarujuki keluarga kekalih

Para rawuh ingkang satuhu bagya mulya, hanambahi pangertosan kula panjenengan sami lan mliginipun supados sansoyo kiat keyakinanipun calon pengantin kekalih, ingkang punika badhe wonten tanggap wacana saking pinisepuh ingkang badhe paring piweling dhumateng calon penganten kekalih tumuju kasaenan, Wondene ingkang kepareng nggih Bp. Kyai Haji Rahman, S.Pd. sumangga nun.


Tuladha Aturipun Pranatatara Salebetipun Swasana Mirunggan

Para lenggah kakung miwah putri ingkang kinormatan, laksitaning acara ing kelenggahan menika sampun rinantam kanthi permati lan sampun kaleksanakaken kanthi pinayungan karaharjan tebih ing sambekala.

Namung panyuwunipun Bp. Harjono sekalian, kepareng panjenengani sedaya saget hangestreni tumapaking gati kanthi mardu mardikaning penggalihdumugi paripurnaning gati, kula aturaken ing mriki mbok bilih pratandha paripurnaning gati ing kalenggahan punika menawi calon temanten kekalih miwah rama ibu (ingkang mengku gati) sampun kawistara jumeneng wonten sangajengipun wiwara, ingkang punika kasuwun tansah nyebar gondhong kawis, sabar ingkang sawatawis, nuwun, matur nuwun.

7. Acara Dunga (Doa)

Para rawuh ingkang bagya mulya, murih sansoyo berkah lan menapa ingkang badhe dipun gayuh sesarengan saget kasembadan, sumonggo sesarengan sawetawis nyenyuwun dhumateng pangeran Gusti Allah ingkang maha wikan. adiacara menika badhe dipun pandegani dening Bp.KH. Masduqi. Sumangga
 

8. Acara panutup


Sampun dumugi titi mangsa kala paripuraning sedya, awit palilahipun Allah, sedaya tata adicara sampun kaleksanakaken kanthi gancar nir ing rubeda. saderengipun purnaning gati panjenenganipun Bp. Harjono sekalian ngaturaken gunging panuwun dhumateng para duta saraya sumrambah para tamu samudayanipun. Kejawi saking punika Bp. Harjono sekalihan tansah nglenggana bilih budi dayaning manungsa boten wonten ingkang sampurna, pramila saking menika hambok bilih anggenipun nampi karawuhan panjenengan wonten kiranging tangguh, gupuh miwah suguh, saha anggenipun ngaturi palenggahan boten jumbuh kalian andhap inggiling kalenggahan panjenengan sadaya, keparenga panjenengan  sami hanglumeberaken gunging samudra pangaksama.

Minangka pambiwara, kula ugi hanglenggana taksih kiranging seserepan hanjalari kuthunging pamanggih miwah kirang pana dhumateng wewarah wewangsoning para winasis ing reh basa tuwin sastra, pramila nyuwun pangaksama sedaya lepat lan  kekiranganipun kula.  

Hamung semanten pahargyan lamaran ingkang kaleksanakaken dening para kulawarga. Sumonggo sami sesanti mugi tansah rahayu, rahayu ingkang sarwi tinemu, sugeng kondur mugi tansah rahayu dumugi dalm sowang-sowang. Wabillahi taufik wal hidayah Wassalamu'alaikum Wr. Wb

Katerangan:

Saderengipun paripurna mbok bilih wonten atur pamitan saking duta saraya, atur tanggapan ingkang mengku gati menawi saged kaaturaken dening Pranata Adicara (kangge ngringkes wekdal).

TERJEMAH BAHASA INDONESIA

Contoh teks pembawa acara lamaran

Sebelumnya perlu diketahui bahwa budaya orang jawa sangat mengagungkan orang lain. Dalam berbicara akan ditemui mereka meninggikan posisi (derajat) lawan bicara sebagai bentuk penghormatan. hal ini juga terjadi dalam teks pembawa acara bahasa jawa, dimana terdapat banyak kata sanjungan yang terkesan berlebihan, namun itulah tatakrama dalam adat jawa.
 
Bismillahirrohmanirrohim 

Assalamu'alaikum Wr. Wb.

Kepada para hadirin sekalian yang kami hormati, 
para sesepuh, orang yang dituakan yang sudah seharusnya dihormati,
para remaja serta tamu dari calon besan yang dimulyakan Allah.

Melaksanakan yang menjadi hajat Bp. Harjono sekeluarga, dalam kesempatan ini saya ditunjuk sebagai pemandu upacara pasrah dan terima lamaran, yang diketahui bersama bahwa hal tersebut merupakan salah satu bagian di antara proses orang yang akan menikah.

Namun sebelum saya membacakan rangkaian acara yang telah yang telah disusun oleh keluarga, mari bersama kita panjatkan puji syukur kepada Allah SWT. yang Maha Agung, karena besar barkah dan rahmatNya yang telah diberikan kepada kita.

Shalawat dan salam juga kita haturkan kepada Uswatun Hasanah kita semua, Rasulullah Saw. biqoulina "Allahumma shalli 'ala sayyidina Muhammad". 

Teriring rasa syukur serta shalawat tadi, semoga jalannya acara  lamaran  dari awal hingga  akhir terbebas dari gangguan.

Hadirin sekalian yang kami hormati, perkenankan sebagai pembawa acara menyampaikan rangkaian acara yang telah  susunan.

  • Acara yang pertama, yaitu  pambuka.
  • Kedua sambutan dari tuan rumah yang diwakili oleh beliau yang telah ditunjuk 
  • Ketiga penyampaian pasrah dan penyerahan kelengkapan lamaran dari calon besan
  • Keempat pemberian jawaban dan panampi lamaran  
  • Kelima acara tukar cincin (jika ada)
  • Keenam mauidhoh hasanah / nasehat dari sesepuh (jika ada). 
  • Ketujuh doa
  • Kedelapan penutup

Demikian hadirin sekalian, urutan acara pasrah lamaran yang telah disusun oleh pihak ke;uarga. Kami harap hadirin  sekalian bisa mengikuti acara dengan perasaan gembira dari awal hingga sampai selesai nanti. Terima kasih.

1. Acara pembuka

Hadirin sekalian yang kami hormati.

Memasuki acara yang pertama, untuk menambahi berkahnya kegiatan, mari kita buka bersama dengan bacaan Ummul kitab (surat Al Fatihah). " 'ala hadzihinniyyati walikulli niyyatin sholihah bibarakati Ummul Qur'an, Al Fatihah"...

Terima kasih, semoga dengan bacaan wasilah surat alfatihah tadi acara pada kesempatan ini  bisa berjalan lancar hingga sampai selesai nanti. 

2. Acara sambutan 

Pabap ibu hadirin sekalian yang berbahagia, rasa bangga serta gembiranya hati Bp. Harjono sekalian tidak bisa tergambarkan, beliau bermaksud memberikan sambutan kepada bapak ibu sekalian.

Namun karena  begitu bangga dan kegembiraannya hati beliau, sehingga terhenti hanya bisa sampai ditenggorokan. Maka dari itu, beliau mewakilkan sambutannya kepada Bp.Kyai Haji Rahman, S.Pd.
Kepada beliau kami persilahkan. 

Sangat jelas dan sampai maksudnya yang disampaikan oleh Bp.Kyai Haji Rahman, S.Pd. sebagai wakil tuan rumah. 

3. Acara penyampaian pasrah Lamaran

Bapak ibu hadirin sekalian yang dimuliakan Allah,  menginjak acara berikutnya, yaitu penyampaian pasrah dari calon besan, yang akan diwakili oleh Bp.Hadi Sulistyo. kepada beliau kami persilahkan. 

Sangat jelas maksud yang telah disampaikan Bp. Hadi Sulistyo sebagai wakil dari calon besan. 

4. Acara Panampi Pasrah Lamaran

Selanjutnya pemberian jawaban dari pihak keluarga Bp. Harjono yang akan disampaikan oleh Bp. Wagiman. Kepada beliau kami persilahkan

Alhamdulillah, jelas terbaca yang telah penyampaian jawaban oleh  Bp. Wagiman sebagai wakil dari tuan rumah. 

Selanjutnya acara penyerahan pelengkap lamaran yang akan diserahkan dan diterima oleh wakil masing-masing. untuk yang berwujud uang dan barang selanjutnya segera diserahkan kepada tuan rumah. Untuk terlaksananya kegiatan kami persilahkan. (Acara ini sebaiknya didokumentasikan)

5. Tukar cincin / liru Kalpika (menawi wonten)


Bapak ibu hadirin sekalian yang kami hormati.
Melaksanakan kehendak dari keluarga calon besan, yang jug sesuai dengan keinginan dari Bp. Harjono sakeluarga, yaitu diadakan acara tukar cincin. Oleh karena itu, kepada calon pengantin dan orang yang bersangkutan agar bersiap diri.

Adapun yang akan menjalankan acara ini dari pihak keluarga yang ditunjuk yaitu Ibu calon penganten putri panjenenganipun Ibu Bp. Harjono dan Bapak akan mendampingi calon penganten putri Nimas ayu Fatimah, dari pihak keluarga pengantin laki-laki Dimas Muhammad Fadil yang akan didampingi oleh Ibu dan Bp. Suhartono.

Sepertinya semua telah siap, kepada keluarga yang menjalankan kami persilahkan.
Telah tiba saatnya acara tukar cincin yang akan dilaksanakan oleh calon pengantin dengan diiringi Gending Ketawang Wigaringtyas/Langgam Ali-ali laras Sl. Panthet Manyura.

Contoh teks pranatacara saat suasana senggang
Di acara tukar cincin

Bapak ibu hadirin sekalian yang berbahagia, berlangsungnya acara tukar cincin, menurut pendapat orang tua, yaitu bisa dilakukan sebelum calon penganten diijabkan ataupun sesudah diijabkan sebagai pengikat cinta dan tanda bahwa sudah ada yang memiliki.

6. Acara mauidhoh Hasanah (jika ada)


Alhamdulllah, telah selesai dan lancar acara tukar cincin yang dilakukan oleh calon pengantin laki-laki dan perempuan. Semoga calon pengantin selalu mantap niatnya untuk membina rumah tangga, senantiasa saling belajar untuk mengerti, menyayangi, mengingatkan, dan tidak tergoda. Mereka bisa menjalankan acara yang lebih besar yaitu pernikahan di hari yang telah disepakati oleh kedua keluarga.

7. Acara mauidhoh hasanah ( jika ada)

Para tamu yang berbahagia, menambah pengetahuan kita dan khususnya agar semakin kuat keyakinannya kedua calon pengantin, oleh karena itu akan ada mauidhoh Hasanah dari  pinisepuh yang akan disampaikan oleh Bp. Kyai Haji Rahman, S.Pd. kepada beliau kami persilahkan.


Contoh teks pembawa acara saat acara senggang.

Bapak ibu hadirin sekalian yang kami hormati, berjalannya acara pada kesempatan ini sudah disusun dan dirancang dengan cermat dan terlaksana dengan baik jauh dari gangguan.

Harapan dari keluarga Bp. Harjono, berkenan hadirin sekalian bisa mengikuti acara dengan santai hingga selesai acara, adapun pertanda berakhirnya acara adalah apabila kedua calon pengantin beserta kedua orang tua sudah berdiri di depan pintu (pagelaran acara). Maka dari itu, diharap selalu menabur daun tawis, bisa bersabar sementara waktu. Terima kasih.

8. Acara Doa

Hadirin yang berbahagia, agar semakin berkah dan bisa tercapai hajat kita bersama, mari sejenak kita berdoa memohon kepada  Allah yang maha mengetahui. Kegiatan doa akan dipandu oleh Bp.KH. Masduqi. Kepada beliau kami persilahkan
 

9. Acara panutup


Telah sampai di penghujung acara, semua karena ijin Allah, semua acara telah terlaksana tidak ada hambatan. Sebelum berakhir, Bp. Harjono sekalian menghaturkan beribu terima kasih kepada para Wakil calon besan serta hadirin semua.
Selain itu, Bp. Harjono sekalihan menyadari bahwa segala daya manusia tidak ada yang sempurna, oleh karena itu apabila dalam menyambut hadirin sekalian ada kurangnya serta memberikan tempat tidak sesuai kedudukan hadirin. Berkenan bapak ibu sekalian memberikan lautan maaf.

Sebagai pembawa acara saya juga menyadari masih kurang ilmu dari para ahli dan masih harus belajar, oleh karena itu saya minta maaf untuk keselahan dan kekurangan saya.

Cukup sekian acara lamaran. Mari bersama kita kobarkan semangat dan doa agar senantiasa selamat, selamat dan sukses. Selamat pulang di rumah masing-masing. Wabillahi taufik wal hidayah Wassalamu'alaikum Wr. Wb

Keterangan:

Sebelum berakhir, jika ada acara pamit dari wakil calon besan, maka pembawa acara bisa mewakili menjawabnya agar meringkas waktu.

0 comments

Post a Comment