Contoh Teks Sabda Tama, Wulang Utami. Nasehat untuk pengantin ringkas

 


Pengalaman merupakan guru terbaik. Peribahasa tersebut memanglah tepat diberikan bagi mereka yang telah melewati masa-masa belajarnya. Orang yang berpengalaman dan pandai mengambil hikmahnya pastinya tahu hal-hal yang bisa dijadikan perbaikan dalam kehidupannya. Perbaikan dilakukan karena berdasar pengalaman itu menjadikan lebih baik dari pribadi sebelumnya.

Nasehat baik di acara pernikahan dalam bahasa disebut sabda Tama, Wulang Utami atau ular-ular yang kerap diadakan sebagai tambahan bekal pengantin memasuki kehidupan berumah tangga. Nasehat ini tentunya semakin mantap diberikan oleh mereka yang sudah berpengalaman. Mereka yang berpengalaman akan lebih bijak dan berhati-hati dalam mengarungi kehidupan rumah tangga di masyarakat.

Contoh Teks Sabda Tama Wulang Utami 


Assalamu'alaikum Wr. Wb.
Alhamdulillaahi robbil 'aalamiin, wabihi nasta'inu 'alaa umuriddunya waddiin. Wassholatu wassalamu 'alaa asyrofil mursaliin, wa 'alaa aalihi wa sohbihi ajma'iin. Amma ba'du.

Ingkang kinormat para sesepuh, pinisepuh, para alim ulama, para kyai. nyadong duka Kula ing ngriki ingkang piniji hangaturaken sabdatama utawi ulat-ular wulang utami dhumateng temanten sarimbit.  Kula rumaos dereng derajat menawi kula paring sabdatama, jer tembung sabda mekaten, boten wonten ingkang pantes hangagem, kajawi namung hak ingkang pantes hanggadahi Allah SWT. ingkang dados tuking samukawis. Mbok menawi tembung sabdatama ing ngriki, mengku teges wulang utami ingkang dhedasar sadaya sabda-sabdaning Allah ingkang sampun kawahyu ing kitab suci Al-Quran.

Keparengna matur. Sawetawis suka wawasan ing babagan prayogining bebrayan, jer nyatanipun sanadyan Temanten langkung pinter,  nanging tumpraping gesang bebrayan, saestu langkung rumiyin kula. Mbok menawi menika ingkang kangge gada supados kula kapeksa atur wawasan tumraping gesang wonten madyaning bebrayan enggal.

Para tamu Kakung miwah putri, mliginipun dimas temanten sarimbit ingkang winantu ing kabagyan.

Panjenengan Sedaya tartamtu sampun mireng babagan lima em ingkang Kedah dipun tebihi tumraping tiyang Gesang ing alam ndunya. Ananging ing ngriki boten Kula aturaken ingkang dipun tebihi. Ananging em lima ingkang Badhe kula aturaken malah dipun agem tumraping temanten anyar.

Gegaran tumrap gesang bebrayan enggal punika salah satunggalipun kedah nindakaken pakarti gangsal prekawis ingkang sinebat lima em. Malima ing mriki saking tembung; mlumah, mengkurep, modot, mlebu, lan metu.

Mlumah punika nglumahaken tangan, tegesipun dados tiyang gesang wonten madyaning bebrayan agung punika aja seneng ngathung, utawi nggadhahi watak ingkang remen njagekaken dhateng pawewehing liyan. Punika pakarti ingkang boten sae.

Mengkurep punika ngurepaken asta, tegesipun dados tiyang gesang wonten madyaning bebrayan agung punika senenga paweweh marang liyan sing tanpa pamrih, senenga tetulung marang sinten kemawon ingkang mbutuhake pitulung, nanging aja nganti diweruhi dening wong akeh. Upama nindakake dana dryah, tangan tengen menehi dhuwit, paribasane tangan kiwa aja nganti weruh.

Modot punika modot pikirane, modot nalare, tegesipun dados tiyang tumitah wonten ing alam donya punika kedah tansah mbudidaya murih undhaking kawruh, dimen jembar wawasanipun.

Mlebu tegesipun sadaya kawruh utawi tumindak ingkang lerekipun dhateng kasaenan, kedah katampi saha dipun lebetaken dhateng manah utawi sanubari, minangka dados gegebengaipun tiyang gesang bebrayan.

Metu tegesipun sadaya kawruh utawi tumindak ingkang sae ingkang migunani dhumateng bebrayan agung, kedah dipun tularaken dhateng tiyang sanes.

Saklebeting ing Al-Qur'an surat Ar-Rahman ayat 60, Allah ngendika bilih " Hal jazaaaul ihsaani illal ihsaan" 

Ingkang werdinipun kurang langkung "boten wonten piwales kangge kesaenan sakliyane namung kesaenan ugi".

Kajawi nindakaken em lima, resepipun bebrayan sae, punika kedah Dana ing tepa, Tepa ing rasa, saha Temen tobating rila.

Miturut ngendikanipun Ki Sri Sadhono Among Rogo, Tepa ing rasa tegesipun tepa punika ukuran, rasa punika pangraos. Samukawis patrap lan makarti punika kedah manut raosipun piyambak. Menawi tumrap raosipun piyambak boten sakeca lan prayogi, sampun dipun cakaken dhateng tiyang sanes.

Dana ing tepa tegesipun raos pangraos makaten punika, kula aturi ngecakaken ing bebrayan agung, adatipun saged sumingkir saking watak srei, drengki, jahil, methakil, dahwen, panasten, kamiopen

Temen tobating rila tegesipun kakung, kanthi temen tresna dhateng garwa, martobat sampun tuman rabi malih, rila legawa narima trusing batos garwa satunggal boten telas salaminipun, adatipun saged nyaketaken tresna bektinipun garwa. Putri, semanten ugi, adatipun saged nyaketaken sih tresnanipun kakung.

Kajawi punika ugi kedah nindakaken sacatur inggih punika sarupa, wajiwin, sawancia, lan sae kapraya. Sarupa tegesipunkekalihipun rumaos manawi garwanipun punika bagus/ay piyambak. Sajiwa tegesipun kedah saged momomg watak satunggal-satunggalipun. Sawancia tegesipun adeging bebrayan karsa, cipta tuwin sedya ingkang sae lan utawi.

Hambok bilih namung semanten kemawon dimas temanten, menggah anggen kula suka wawasan saha nularaken ing babagan wulang utamining bebrayan. Dene menawi kirang terang lan gamlang, saged rawuh ing pondhok kula kanthi sampun kesupen, jer sedaya kalawau boten lepat saking: jer basuki mawa beya.

Akhirul kalam, billahi taufik wal hidayah. Wassalaamu'alaikum Wr. Wb.


Terjemah bahasa Indonesia

Silahkan kembali lagi nanti....Dalam proses

0 comments

Post a Comment