Contohtekspranatacaraterbaru.com- Upacara panggih pengantin umumnya diadakan setelah acara pasrah tampi. Sebagai pranatacara hendaknya sudah tahu urutan acara karena dia harus mengarahkan sesi demi sesi yang sambung menyambung.
Dalam acara panggih ini pranatacara harus terus mengamati jalannya acara agar bisa menarasikan dan menginformasikan kepada tamu acara yang sedang berlangsung dan acara apa yang akan berjalan berikutnya. Penting sekali penguasaan keadaan dan pranatacara harus sudah siap dengan apa yang akan disampaikan untuk memandu acara agar bisa berjalan dengan baik.
TULADHA ATURIPUN PRANATACARA BADHE UPACARA PANGGIH - SUNGKEMAN
Dilengkapi acara krobongan
Berikut saya berikan contoh teks pranatacara ketika acara panggih akan berlangsung. Artikel ini adalah sambungan dari artikel Contoh teks pranatacara terbaru yang sebelumnya sudah saya posting.
Teks Pranatacara Bahasa Jawa Temanten Panggih hingga Sungkeman (Lengkap dengan acara Krobongan)
Wus paripurna pasrah panampinipun putra temanten kakung kanthi wilujeng nirbaya nir wikara. Para Rawuh saha para lenggah ingkang satuhu bagya mulya. Kanthi menika dumugi wahyaning mangsakala laksitaning adicara panggih anut adat widi widana ingkang sampun sinengker. Parandene adicara panggih menika badhe kapratitisaken dening Ibu juru sumbaganing penganten/juru rias hanenggih...(nama juru rias), awit saking menika dhumateng Ibu..(nama juru rias) murih rahayuning sedya hamung sumangga.
Panggihipun riusang temanten sekalian lamun cinandra kadya CANTHOKA
INGKANG MUNYA ING TIRTA, REBAT ASRI KALIAN SEKARING BALIMBING
(diputarkan gendhing kodok ngorek minggah laras maya)
Dalam acara panggih ini biasanya agar tercipta suasana yang sakral pranatacara memberikan panyandra panggih pengantin.
Baca di sini: panyandra Panggih temanten jawa
TULADHA ATURIPUN PRANATACARA BADHE UPACARA KROBONGAN
Tinon wus paripurna upacara panggih, satuhu trep pindha curiga panggih kaliyan warangka. bebasan getih rong tetes, daging rong tempel, balung rong ceklek, samangke sampun wus manunggal dadya sajuga. Sang jejaka miwah sang kenya, mangkya wus manunggal inng karep, nunggal sedya, nunggal tekad, nunggal ati, nunggal raga, nungal jiwa mangun brayat anyar wonten madayaning bebrayan agung.
Para rawuh saha para lenggah, ngancik adicara candakipun nun inggih upacara adat krobongan, anut satataning adat widhiwidana ingkang taksih lumampah wonten ing laladan ngriki. Upacara krobongan punika antawisipun :
- bobot Timbang
- tandur
- kacar-kucur
- dahar kembul
Note: Acara krobongan ini dimulai sesudah acara sinduran, yaitu diaraknya pengantin menuju ke pelaminan. jadi untuk pambiwara (pranatacara) masih menggunakan irama panyandra seperti yang saya contohkan sebelumnya. Susunan acara krobongan adalah:
Bila acara krobongan sudah selesai, pranatacara selanjutnya akan mengarahkan ke acara sungkeman. yang sebelumnya didahului dengan acara KEDATANGAN besan. Berikut contoh teksnya.
Para rawuh kakung sumawana putri, madyaning suka ing kalenggahan menika boten kekilapan kadang besan sutresna nun inggih (nama besan. misal Bapa Rahmad) lekasing sedya ugi ndherek mangayubagya keparengipun Bapa/Ibu...(nama pamangku gati.misal Bapa Raharjo) sekalian ingkang hamiwaha putra mahargya siwi, manjing wonten sasana pawiwahan, ginarubyug sagunging para kadang santana.
Rawuhipun panjenenganipun Bapa...(nama besan misal Bapa Rahmad) kairing ungeling gendhing Tirta kencana, laras pelog pathet 6.
Bila acara krobongan sudah selesai, pranatacara selanjutnya akan mengarahkan ke acara sungkeman. yang sebelumnya didahului dengan acara KEDATANGAN besan. Berikut contoh teksnya.
TULADHA ATURIPUN PRANATACARA NALIKA BADHE RAWUHIPUN MAPAG BESAN
Para rawuh kakung sumawana putri, madyaning suka ing kalenggahan menika boten kekilapan kadang besan sutresna nun inggih (nama besan. misal Bapa Rahmad) lekasing sedya ugi ndherek mangayubagya keparengipun Bapa/Ibu...(nama pamangku gati.misal Bapa Raharjo) sekalian ingkang hamiwaha putra mahargya siwi, manjing wonten sasana pawiwahan, ginarubyug sagunging para kadang santana.
Rawuhipun panjenenganipun Bapa...(nama besan misal Bapa Rahmad) kairing ungeling gendhing Tirta kencana, laras pelog pathet 6.
TULADHA ATURIPUN PRANATACARA BADHE UPACARA SUNGKEMAN
Sanggya para lenggah, para rawuh ingkang winantu ing kabagyan. Paripurna laksitaning adicara adat krobongan ingkang sampun kasembadan kanthi lulus raharja nirwikara ing samudayanipun, ingkang saklajengipun badhe lumadi adicara sungkeman. ananging sakdherengipun adicara menika kawiwitan, langkung rumiyen besan ingkang taksing mapan wonten ing sasan palereman badhe kapapag tumuli kairing wonten ing sajejering kursi pelaminan wosing gati hanampi sungkemipun ingkang putra. Pramila saking menika dhumateng Bapa..(nama besan) sekalian garwa keparenga jengkar saking kursi rinengga.
Jengkaring Bapa..(nama besan)sekalian kabiwadha ungeling gending kapang-kapang.
Assalamu'alaikum kak tolong donk bikin teks buat acara tandur manten suwun
ReplyDeleteAssalamungaalikum....
ReplyDeleteMohon bantuannya tek saat nandur manten terimakasih
Waalaikumsalam.
DeleteAlhamdulillah artikel sudah tersedia.
Artikelnya silahkan klik link di bawah
ReplyDeletehttps://www.contohtekspranatacaraterbaru.com/2022/05/contoh-teks-panatacara-akan-upacara.html?m=1