![]() |
teks-pranatacara-ngunduh-mantu |
Ngunduh mantu-Setelah acara resepsi di pihak mempelai perempuan, biasanya ada tradisi untuk mengadakan acara ngunduh mantu di pihak pengantin laki-laki. Acara ini bertujuan untuk menyerahkan kedua mempelai yang berada di pihak perempuan kepada keluarga keluarga mempelai laki-laki. Acara ngunduh mantu di pihak pengantin laki-laki biasanya dilakukan sekitar seminggu setelah acara resepsi pernikahan.
Baca juga: susunan acara ngunduh mantu ringkas
Dalam acara ngunduh mantu di pihak pengantin laki-laki, persiapan dan suasana acara dapat bervariasi tergantung pada budaya dan tradisi yang dianut oleh keluarga yang terlibat. Acara ini dapat dilaksanakan secara sederhana atau mewah, tergantung pada kemampuan dan anggaran keluarga. Beberapa keluarga mungkin memilih untuk mengadakan acara yang intim hanya dengan undangan keluarga terdekat, sedangkan keluarga lain mungkin mengadakan acara yang lebih besar dengan undangan yang lebih luas.
Contoh teks pranatacara Ngunduh mantu
Sesuai dengan tradisi ngunduh mantu, dalam acara ini akan dilakukan serangkaian ritual yang melibatkan pengucapan janji dan penyerahan kedua mempelai. Agar makin runtut hendaknya ada pranatacara yang mengantarkan acara ini
Berikut ini contoh teks pranatacara Ngunduh mantu acara ringkas
لسّلامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُه
(Alhamdulillaahi robbil 'alamiin, wassolaatu wassalaamu'alaa asrofil anbiyaa ii wal mursaliin sayyidina muhammadin, wa'ala alihi wa'ashabihi ajma'in, robbi srohli sodri wayasirli amri wahlul 'ukdatammil lisaani yafqohul kauli, amma ba'du).
Nuwun, dhumateng para tamu Kakung miwah putri ingkang winantu ing suka Basuki.
Para sepuh, sesepuh, ingkang sampun pana ing pamawas sarta lebda ing pitutur.
Para alim, ulama ingkang pantes sinudarsana.
Sarta para kadang Wreda muda taruna ingkang bagya mulya.
Mangga sesarengan ngunjukaken suka syukur wonten ngarsanipin Gusti Allah ingkang Maha Wicaksana, kanthi syukur bilisan "Alhamdulillahirabbil'alamin". Awit kanthi sih wilasanipun satemah panjenengan lan Kula taksih saget nyawiji wonten acara "Ngunduh mantu daupannipun Andhika Tri Prasetyo kalian Nimas Ayu Indah Setyowati " ingkang sampun kaleksanan akad lan panggihipun Duk rikala Ari Ahad, 2 Juli 2023 kanthi gancar nir ing sakara-kara.
Shalawat ma'assalam ugi kaaturaken dumatheng Uswatun Hasanah Rasulullah Saw biqaulima Allâhumma shalli ala Sayyidina Muhammad wa ala Alihi sayyidina Muhammad.
Dumateng para tamu kakung miwah Putri ingkang dahat kinormatan. Kula ing mriki minangka pambiwara, kepareng ngaturaken urut rantamane adicara ingkang sampun rinumpaka. Nggih menika:
- Pambuka
- Pasrah tampi
- Pambagyaharja
- Doa
- penutup
- ramah tamah
Mekaten para tamu menggah urut rantamane adicara ingkang badhe lumadhi ing kalenggahan menika.
Sumangga adicara sesarengan dipun buka kanthi waosan Ummul kitab suratul Fatihah "li ridho illahi ta'ala wali syafa'ati rosulillah Shallallahu'alaihi wa sallam, al-Fatihah"
Ngancik adicara candakipun nun inggih menika pasrah tampi, dhumateng para paraga ingkang hamandegani acara kepareng siaga ing gati jumeneng aben Ajeng wonten papan ingkang sumadya.
Sampun purna acara pasrah tampi, ngancik acara saklajengipun nun inggih puji pamdunga. Dhumateng para kepareng Sareh sawetis, sumangga sami nyenyuwun dhumateng ngarsanipin Gusti Allah ingkang maha kawasa, mugi-mugi pinanganten anggenipun nepusi jangkane agesang Mangun bale wisma lelumban wonten bebrayan agung saget sakinah mawaddah warrahmah.
Acara Dunga badhe dipun pimpin kaliyam ustadz Nur Soleh. Dhumateng priyantun imgkamg kapiji kasumanggaaken.
Alhamdulillahirabbil'alamin, mekaten kala wau acara puji pandunga. Mugi Allah ngijabah Sedaya panyuwun panjenengan kalawau. Acara candakipun nggih menika ramah tamah, ingkang badhe dipun iringi kaliyan kadang panglipur saking kru dangdut Satriya kencana musik.
Kanthi mekaten purna jejibahan Kula, Kula nuwun gunging pangaksama hambuk bilih amggen Kula mratitisaken pahargyan menika wonten samukawis ingkang boten anuju prana. Ingkang saklajengipun acara miwah swasana Kula sumanggaaken dhumateng kadhang MC dangdut Satriya kencana musik
Bilahitaufiqu wal Hidayatullah, waridhonwal inayyah. Wassalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Baca juga: susunan acara ngunduh mantu dadakan
Demikian contoh teks pranatacara Ngunduh mantu ringkas. Dengan adanya acara ngunduh mantu di pihak pengantin laki-laki setelah acara resepsi di pihak mempelai perempuan, diharapkan tercipta kesempatan bagi keluarga dari kedua belah pihak untuk saling mengenal, merayakan persatuan, dan menjalin hubungan yang lebih dekat setelah pernikahan terjadi.
0 comments
Post a Comment